Minggu, 23 Desember 2012

Kaendahane merapi ing wayah sore

Angin sore kang tumiyup santer
Mbarengi keplasing panyawang
Kaya jemparing linepas saka tali gendhewa
Dumandakan kandheg jegreg ing sikile merapi
Nggelar panyawang
Njembarake pangerten
Ngresepi kaendahan
Manuk-manuk pathing cecirit pathing bleber
Bali mulih mring susuhe
Pak tani lan mbok tani
Mlaku bareng nurut galeng
Kaya-kaya lagi ngetung jembare sawahe
Kaya-kaya lagi ngetung asile panene
Apa sedheng kanggo mangan anak bojo
Angin sore kang sumilir
Nggeremet ereng-ereng gunung merapi
Nggeremet suket-suket ing sunggene bocah ngarit
Ngarasake ambune suket
Ngarasake ambune kringet
Kang tumetes sajroning darma bekti
Mring ibu lan bapa
Mring nusa lan bangsa
Mring kamanungsan lan lestarine alam
Angine sore saya wani
Nrabasa alang-alang
Nrabasa alas gung liwang-liwung
Genteyongna karo kethek lan lutung-lutung
Gegojegan karo macan kumbang
Angin sore krekel-krekel
Munggah pereng-pereng kang saya angel
Watu-watu lan padhas-padhas pating jenggeleng
Ing saben wektu bisa gemblundhung
Katerak mbludhage lahar merapi
Kaendahane gunung merapi wayah sore
Jebul kebak cerita kang ngedheg-dhegi
Tandha pitakon
Kanggo urip sabanjure
Kaendahane merapi ing wayah sore
Ing pucukmu aku rumangsa
Urip iki mung nyuwun welas asihe gusti
Ngarep-ngarep peparing lan pangayoman
Saya yen srengenge ing sisih kulon kae saya gumelar
Aku saya rumangsa kijenan
Ora ana kang dakjaluki pitulung
Kajaba gusti kang murbeng dumadi
Kang tansah mitulungi kawulane kang bekti
Kaendahan merapi ing wayah sore
Ora mung panyawang kang katon saka kadohan
Nanging ing pitutur ngenani
Parjuwangan urip
Kanggo lestarine alam lan panguripan
Lan pasrahing dhiri ikhlas tumusing ati
Sajroning donga, dzikir
Panyuwun, lan puji syukur.

Dening: Sutardi MS Diharjo, Klaten Selatan



Tidak ada komentar:

Posting Komentar