Minggu, 23 Desember 2012

Prawan Ayu (Kagem Nimas Candra) Anggitane Sukardi

Ana prawan ayu
Agetih biru
Jatmika ing budi
Gandes luwes merak ati
Pindha ratih sang asmara dewi
Singa nyawang rasa kapang
Singa uning pengin nyandhing
Singa tepung mesthi gandrung
Singa sengsem bakal katrem
Mangka
Cak-cakane prasaja
Ora rongeh ora lelawa
Suthik pamer neka-neka
Klambi papat dienggo jroning sawarsa
Kuning jambon ijo biru
Kabeh sarwa maya
Nanging teka panggah ayu
Reki lan mbebawani
Sapa ta sejatimu
Prawan ayu kekasihku
Bathok bolu isi madu
Nggembol bothekaning ngelmu
Nyandhi kabudayan jawi
Kang kalok ing rat duk ing nguni
Mung emane
Cah ayu kladang sembrana
Sambange pisan sawarsa
Nggawa sisip tan rinasa
Apa kang slira ora nglegewa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar